| Pekalongan Jaman Sakmono |
|
|
|
| Written by Iyeng Santosa |
| Tuesday, 20 July 2010 08:17 |
|
Jamanku mbiyek ? Buku cetake diselangi sekolahan. Buku sekrip ? Kelas telu SD, aku tembeke nduwe buku sekrip, cap Blabak utawa Letjes. Kertase digawe kadek merang, dadine kasap, tur nak ditulisi nganggo tul-pen, mesti mblobor…njelehi kae. Sakdurunge kelas telu SD, aku jik ngalami nulis nganggo sabak kambek grip. Aku sekolah nang SD Induk Bendan I, pedek omahku. Nak ngaso, aku gagiank semranthal mulih, mangan ndisik. Lha priye…wong jaman sakmono aku ora nate diwehi sangu duit kambek ibuku. Sangune mesti panganan. Cok roti bolu, cok lengko, cok gedang godog. Nyong ngelihan, dadine mesti mlayu mulih, mangan sega. Kanca-kancaku pada njajan nang pak Bon, arane pak Napi (Kanapi). Nyong jik kilingan jajanan jaman sakmono : janganan sepincuk, krocoh sepincuk, krupuk mi usek, es mambo. Ejian ah…nyong gel kemecer kae nak weruh kancaku pada nyusrupi krocoh (kae si…keong sawah…kilingan po ra ?). Disusrup kambek dicutik katik biting, srruuuupph…mak legender…krocohe ucul kadek cangkange, langsung nylurut maring kerongkongan…enake pok. Tapekno aku ora nate oleh karo ibuku njajan krocoh, njelehi tur kemproh, ngendikane ibu. Nggagar ra…bisaku ngempet othok wis, lha apak njaluk kancane isin, mundak didaraki clamit. Jaman sakmono, pecel opo janganan sepincuk sak krupuke kambek pasang goreng tempe, regane seringgit. Krocoh limolas kethip. Kolok gedang kele limolas kethip. Nak pingin sing murah maneh, ya njajan genthe. Limang kethip entuk limang iji, wis bisa dimamah sampek ail….hehehehe…. Pasa-pasa ko kiye nak kojahan perkoro panganan, enake pok. Isuk-isuk, bakul gethuk liwat. Bocahe lanang cilik, suarane cementheng, dilagokke : Thuk…thuk…thuk kinca thuk klapa….! Suwi-suwi coke kesel ho…suarane garek : uk-uk…uk –i-o…uk-o-o….. (priye siy, nulise, ben sampeyan kabeh podo mudheng ?) Bar bakul gethuk liwat, terus ono sing dodol amir. Miiir…anget ! (kae lho…dodol kue samir/kamir). Miiiirr…anget ! Awan-awan, biasane onok bakul es. Ono dawet, bakule wedok, dodolane digendong. Suarane nglangut…dawet-daweeettt….dawet tape….. (Dawete enak, tapekno larang). Ono maneh dawet sing dipikul, bakule lanang, nek tawa dawet, nuthuki mangkoke thing-thing-thing, terus irus-bathoke digedhog-gedhogke nang lempengan kayu sing nutupi genthong dawete. Tapi nak tuku dawet iki aku kerep mules, coke banyune mentah ho ? Nah, kye ra…ono maneh es sing terkenal jaman sakmono. Es e kotak, dibungkus kertas putih. Ono sing kelire jambon, ono sing ijo pupus. Enake pok…hayo sopo sing reti ? Wayah meh asar, biasane ono wong wedok dodolan pindang tetel, diwadahi dandang, digendong. Aku ora doyan, asale pedese pok, tur daginge kerep-kerepe a lot. Sungkan raaa… Maghrib kae, biasane bakul gule dhog-dhog. Iki gule khas kalongan, ora nganggo santen, tapi nganggo parutan klapa digongso. Sing digule, kambing komplit sak endhas kambek jeroane. Cok-cok ono sing seneng ngece bakule. Ngundang gule, bareng bakule teka, deknen takok : nduwe utek po ra lik ? Mengko nang utek kambinge entek, bakule mangsuli : mboten, empun telas. Sakwise bakul gule, ono bakul kacang goreng kambek kacang rebus. Dodolane dipikul, tawane nyableki nganggo penjalin (blek…blek…blek…), kadang-kadang mbengok : Kacang ! Rebuuus ! Hidih kae…nyong dadi kilingan jaman mbiyek maneh…kilingan sak kabehane..jajanane, dolanane, kojahane…pokoke kilingan kabeh…ngesuk-ngesuk tak critani maneh ho…??
iyeng santoso Note : Penulis adalah, dosen di salah satu perguruan tinggi di Semarang, warga Askarlo, aktif di kepengurusan Askarlo Cabang Semarang, dan tinggal di Semarang. |



Nyong gel prihatin kae si nak weruh anak-anakku, anake tanggaku, anake kancaku, pokoke bocah jaman saiki, ora kober dolanan karo kancane. Mben dina nggarap PR utawa tugas othok. Bukune, gel akehe sak pore. Prasaku anakku bisa bungkuk kae, ndaraki apa..lha buku 15 kg digembol terus.